GULAT OKOL

GULAT OKOL
Tradishi Syukuran Warga Desa Setro

Durung suwe iki warga masyarakat Desa Setro, Kecamatan Menganti, Kabupaten Gresik, nganakake adicara kang wis dadi agenda taunan wujud pagelaran Gulat Okol. Tradhisi Gulat Okol iki ditindakake bebarengan karo adicara sedhekah bumi. Tumrape warga masyarakat Desa Setro , rerangken pagelaragn Gukat Okol bareng karo Sedhekah Bumi awit loro-lorone dianggep mujudake tradhisi syukuran.
Mula ora jeneng aneh nalikan pagelaran kuwi dileksanakake tumpak blak, ora mung warga Desa Setro lan tangga desa teparo nanging uga narik kawitan pengunjung saka Sidoarjo, Surabaya, Mojokerto nganti Jombang barang. Ewonan pengunjung wiwit esuk wis padha teka ngebaki papan pagelaran.
Adicara tradhisi syukuran kawiwitan anake arak-arakan kirab sedhekah bumi. Kang diarak ana 9 ancak isi tumpeng komplit salawuhe. Wolung ancak tumpenge ukuran biasa, wondene sing siji maneh wujud tumpeng kang ukurane luwih gedhe. Saliyane kuwi isih ana maneh tumpeng kang isine rerangken saka maneka who – wohan lan pala pendhem wulu watune bumi. Sawise di arak lan didongani, tumpeng banjur kena didhahar bebarengan, wondene ancak tumpeng who – wohan rame – rame dadi rebutane warga. Racake warga padha percaya, yem kasil melu dhahar tumpeng kang wis didongani kuwi mesthi nggawa berkah rejeki lan keslametan.
‘’Jan – jane kula miki asline Krian Sidoarjo. Ning saben wonten sedekah bumi kaliyan Gulat Okol kula mesti merlokake dumugi ngriki. Ndherek rebutan tumpeng kaliyan who – wohan lajeng wonten ingkang kula bekta wangsul awit kagungan berkah, ‘’pangakune Bu Kartini kang duwe toko busana. Manut kapercayane tokone neng Pasar Krian ajeg laris.
Pagelaran Gulat Okol dianakake ing lapangan sedhak pesawahan. Ring papan kanggo tandhing gulat disiapake kanthi ukuran 6 x 8 meter. Para peserta tandhing gulat ora mung saka warga desa Setro nanging sapa wae kena melu, wiwit dewasa, remaja, bocah, ibu – ibu,. Matras ing ring gulat ora nganggo spon utawa terpal, nanging nggunakake glangsing karung beras kang diiseni damene pari. Butuhe yen ana pegulat kang tiba utawa kebanthing, awake ora tatu lan larane ora sepira.
Saben babak tandhing Gulat Okol butuh wektu rong ronde. Yen asile tetandhingan ana kang seri (tutan) nembe ditambah se-ronde kanggo nemtokake sapa pegulat kang menang. Pagelaran Gulat Okol iki tansaya rame lan nengesemake, awit uga diiringi wirama tetabuhan mawa gendhing – gendhing gaya ludrukan utawa colekan.

KEARIFAN LOKAL DESA SETRO
    Tandhing Gulat Okol dipimpin dening gulat okol kang sinebut Plandhang. Saben pegulat siji dipandu dening plandhang siji. Yen arep tetandhingan, pegulat siji wajib nganggo kain iket warna abang ing sirah lan slendhang uga warna abang kang diiketake pernah perangan weteng. Wondene pegulat sijine manaeh minangka mungsuh nggawe kain iket warna ireng lan slendhang uga warna ireng. Ing tetandhingan, pegulat loro dikongkon rerangkulan tangan wondene sikil kudu siyaga ajeg jejeg nahan bantingan lan ora tiba kebanthing mungsuh.
    Sawise plandhang menehi tandha tandhing gulat diwiwiti pegulat loro banjur srokol – skrolan. Penontone surak – surak rame sanjabane ring lan keplok menenhi semangat. Pegulat kang kebanthing tiba ing matras, dinyatakake kalah. Tansaya rame yen kang dadi pegulat saka peserta ibu – ibu kang awake lemu glinuk – glinuk. Surak keploke penonton tansaya rame banter. Yen ana atraksi kang semune lucu, penontone mesthi padha ngguyu ngakak.
    ‘’Pemain utawa pegulat okol iki pancen kudune duwe awak balung rosa. Nanging modhal iku durung cukup. Saora – orane kudu duwe lan nguwasani teknik banthingan, kepriye cara ngalahake mungsuh. Duwe awak gedhe wae dudu jaminan salah sijine plandhang Gulat Okol marang JB.
    Kapan persise tradhisi Gulat Okol iki kawiwitan sepisanan lan mula bukane kepriye, racake angel entuk wangsulan kang gumathok. Sesepuh Desa Setro ora nyebutake taun pira anane Gulat Okol. Manut para sesepuh, Gulat Okol iki ana adedhasar sarana kanyatan kang ana lan wis urip nrembaka satengahing warga uga wis lumaku atusan taun. Gulat Okol kang saiki ana, kadhudhah saka potensi lan kearifan budaya lokal kang wis urip atusan taun banjur ngalami perkembangan manut budaya masyarakat.
    Saka keterangane Kepala Desa Setro, Menganti, Bambang Suprayitno secara geografis Desa Setro kuwi wiwit atusan taun kepungkur mujudake tlatah pertanian. Wektu kuwi warga desa lagi ngalami wayah ketiga. Tandurane para kadang tani ing sawah paregalan padha alum kurang banyu, kepara malah akeh kang puso utowo mati. Kabeh warga desa tansah ngarep – arep tumuruning udan. Ora kanyana – nyana pangarep – arep mau keturutan kanti tumibane udan saka sih welas asih Gusti Kang Akarya Jagad. Sarana tumibaning udan kuwi, sawehening bocah – bocah kang padha angon kewan sapi, kebo, wedhus ing pangonan nguntabake rasa senenging ati kanti surak keplok lan padha gelut gegojegan srokol – srokolan ing satengahing laladan sing kebak damen pari.
    Tumurune udan mau ndadekake tetanduran ing sawah pategalan godhonge dadi ijo royo – royo, awoh lan isine menthes. Kadang tani bungah awit asiling tetanen kanggo nyukupi kebutuhan kaluwarga dadi turah – turah. Lumbunge kopen awit isine kebak simpenen tumpukan gabah.
    ‘’Saka anane bocah angon gegojegan srokolan ing tengahing damen pari kuwi, banjur nuwuhake kebiyasaan yen ngarepake tumibane udan, bocah angon banjur tansah dolanan gelut srokolan ing swah. Tradhisi kuwi banjur tansah dileluri lan dilestarekake dening warga lan dadi tradhisi Gulat Okol nganti saiki iki. Tradhisi kuwi diyakini wis lumaku atusan taun, ‘’ mangkono ngendikane Kades Setro Bambang Suprayitno.
    Paguyuban Gulat Okol iku uga wis nate tampil bebarengan kelompok seni budaya saka daerah liyane nalika adicara Gelar Seni Budaya Wilayah Pesisir Utara taun 2012 kang diadani dening Pemerintah Kabupaten Gresik.
    Sauntara kuwi pemerhati budaya Gresik, Dhimas Anom Srihartoyo, ngandharake yen tradhisi Gulat Okol saka desa etro Menganti iki dadi salah sijine aset budaya daerah. Isih akeh maneh maneka tradhisi lokal kang kudu diiventarisasi, dikembangke, dikelola, lan dikemas kanggo acara – acara budaya saengga ora mung didadeake minangka konsumsi budaya dening warga lokal wae, para wisarawan saengga duwe pengaruh positif tumrap nilai ekonomi warga masyarakat.


GULAT OKOL Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Unknown

Tidak ada komentar:

Posting Komentar